Assalamualaikum Wr. Wb.
Sugeng ndalu nyong maturaken marang kowe sadoyo. Apa iki
enake nganggo basa Tegalan bae ya? Nyong ngene pan mbahas topik HUT kamardikan
RI kaping 72. Wuih, daning wis suwe nemen ya?
Kamardikan Indonesia iki dipengeti saben tanggal 17 Agustus 1945.
Kamardikan Indonesia ora copot saka perjuwangane pahlawan nasional Indonesia
sing anggone nglawan penjajah ya anjog sing arane ‘ titik darah penghabisan’,
wih medeni nemen sih? Saka abad ke-16 anjog abad ke-20 Indonesia ora
mandeg-mandeg dijajah terus-terusan khususe bangsa Eropa, sing gonta-ganti
njajah Indonesia, lan pungkasane dijajah bangsa Jepang. Indonesia asline
negarane makmur, wilayahe subur, kena ditandur sayur, lan anggone rempah rempah
sing terkenal anjog luar negeri. Gara-gara rempah iki, akeh bangsa liya sing
kepengin njajah Indonesia mung kanggo njukuti rempah-rempahe tok, wis. Dadine
Indonesia sing pas kuwi pendidikane durung maju, ya gampang nemen anggone
penjajah njajahi tanah Indonesia. Mula saka pertama Indonesia wis sregep
nganakake perlawanan sing bangsane nyerang VOC, benteng-benteng Belanda
(khususe), lan perang gerilya. Namung usaha kuwe sia-sia wae amarga pas kuwe
durung ana rasa persatuan lan kesatuan.
Ora krasa Indonesia wis dijajah udakara 350 taun, suwe
nemen. Iku amarga wong Indonesia gampangane esih padha goblok-goblok,
ora ngerti carane sing pas anggone pan mbebasna awake dewek saka penjajah.
Indonesia mbene mulai ngetokake pahlawan sing nginspirasi bangsa udakara abad
ke 19-20 kayata Pangeran Diponegoro, Pattimura, Cut Nyak Dien, R.A Kartini, Ir.
Soekarno, Drs. Moh Hatta, lan liya-liyane. Dadine pas kuwe Indonesia sing wis
ngenteni sasuwene 350 taun bisa kelakon mardika saka penjajah. Wiwit saka taun
1945, Indonesia wis mardika, dewek mung kari nikmati kasile sawentara pahlawan
ora bisa amarga wis ngorbanna awake kanggo Indonesia. Dadi, apa usaha sing
dewek kudu lakokake kanggo ngisi lan njaga kamardikan?
Saiki wis akeh generasi muda Indonesia sing rusak akhlake
lan fisike amarga kelebon budaya asing sing ora ndidik. Budaya Indonesia wis
luntur saka awake generasi muda lan luwih seneng nganggo budaya barat. Akeh
bocah sing kena kasus narkoba, lan akehe bocah ora seneng nganggo produk
Indonesia. Apa kaya kuwe wujud penghargaan kanggo pahlawan sing wis ngorbanna jiwa
lan ragane kanggo kamardikane dewek?
Dewek ya kudu mawas dhiri, introspeksi, apa ana sing salah
ing awake dewek. Angger dewek esih males anggone ngisi lan njaga kamardikane
Indonesia, wis lah, Indonesia mung kari aran tok. Mangkane sedurunge telat, dewek
kudu ngembangna sikap cinta tanah air lan patriotisme Indonesia.
Dewek kudu
njujung duwur rasa persatuan lan kesatuan eben bangsane dewek ora bisa dipecah
lan dijajah maning. Dewek kudu ngembangake sifat berbangsa lan bernegara eben
Negara Indonesia iki kuat, dadine laka sing bisa ngancurna Indonesia salawase.
Mulai saka saiki, durung telat. Dewek esih bisa mwujudna cita-citane dewek lan
belajar seduwur mungkin. Yuh, dadi generasi Indonesia sing ana gunane kanggo
nusa, bangsa, lan Negara!
Cekap semono wae, angger ana kesalahan njaluk ngapurane.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Komentar
Posting Komentar