Assalamualaikum Wr. Wb. Sugeng ndalu nyong maturaken marang kowe sadoyo. Apa iki enake nganggo basa Tegalan bae ya? Nyong ngene pan mbahas topik HUT kamardikan RI kaping 72. Wuih, daning wis suwe nemen ya? Kamardikan Indonesia iki dipengeti saben tanggal 17 Agustus 1945 . Kamardikan Indonesia ora copot saka perjuwangane pahlawan nasional Indonesia sing anggone nglawan penjajah ya anjog sing arane ‘ titik darah penghabisan ’, wih medeni nemen sih? Saka abad ke-16 anjog abad ke-20 Indonesia ora mandeg-mandeg dijajah terus-terusan khususe bangsa Eropa, sing gonta-ganti njajah Indonesia, lan pungkasane dijajah bangsa Jepang. Indonesia asline negarane makmur, wilayahe subur, kena ditandur sayur, lan anggone rempah rempah sing terkenal anjog luar negeri. Gara-gara rempah iki, akeh bangsa liya sing kepengin njajah Indonesia mung kanggo njukuti rempah-rempahe tok, wis. Dadine Indonesia sing pas kuwi pendidikane durung maju, ya gampang nemen anggone penjajah njajahi tanah In...