Assalamualaikum Wr. Wb. Sugeng enjing rencang-rencang kita sedaya... kepriye kabar-kabarmu? apik-apik wae opo apik-apik tenan? Langsung bae... Nyong pan nyeritakna kepriye eben bisa ngadepi UN SMP. Aku iki durung lulus SMP, nanging aku nduweni kanca sing pengalaman tau lulus SMP. Wis aja kakehan ngomong maning, langsung bae!!! Tips Cara-carane yaiku: 1. Wolung wulan sedurunge UN, kowe kudu wis nyiapna materi apa wae sing kowe butuhake kanggo ngadepi pelajaran semester siji . Bisane? soale materi semester siji ana sing mlebu soal UN. 2. Enem wulan sedurunge UN, kowe kudu mulani mipil macani buku-buku awit kelas siji nganti kelas telu. Tujuwane yaiku nyinauni materi UN sing njukute saka materi-materi kasebut. 3. Papat wulan sedurunge UN, kowe kudu wis paham sakabehane materi. Angger ana sing klalen materine, kowe bisa macani maning tapi aja sakabehane, cukup sing diperlukake wae. 4. Rong wulan sedurunge UN, kowe kudu wis siap mental lan fisik. Aja...